Lewati navigasi

Monthly Archives: Desember 2018

Biyangane, tuwekan ora nyebut! Mangkono pamaidone para wanita ing Desa Ngepung uger
meruhi glibede ndara Hamid. Ora mung prawan, randha, utawa wanita sing isih duwe bojo wae,
nanging meh kabeh warga saben ketemu ing ratan karo ndara Hamid mesthi misuh-misuh. Yen
wis ngono akune banjur nyingkrih, mlipir-mlipir ngadoh. Rekene mono emoh sapa aruh, awit
wong lanang setengah tuwa iku kawentar nduweni watak thukmis aliyas ora kuwat nonton
bathuk klimis. Saben sumurup wanita sing rada klimis sithik mripate ndara Hamid dadi ijo,
anggone nlusuri sarandhuning badane prasasat wiwit pucuking driji sikil nganti pucuke rambut.
Mesthi wae wanita sing dipandeng ndara Hamid krasa risi lan pekewuh. Senadyan kerep
ditampik wanita nanging Ndara Hamid macak ndableg, rai gedheg. Ora duwe isin, tansah
ngoyak-oyak yen durung kelakon kekarepane. Mung wanita sing blereng bandha wae gelem
ngladeni ndara Hamid. Wong liya yen dikongkon nonton dedeg piyadege ndara Hamid
kaya-kaya pilih mburuhne. Pawakan lemu, weteng njemblung sakendhang. Yen mlaku
edang-edong katon wagu. Pokoke sarwa ora mantesi.
Umpama ndara Hamid ora kenggonan bandha, uripe mesthi bakal kalunta-lunta merga wonge
lumuh nyambut gawe. Tujune dheweke sugih mblegedhu, sawahe amba sakarat-arat, bebasan
sabuk galeng. Duwe seleppan nenem, truck wolu. Buruh sing nyambut gawe ana papan usahane
ndara Hamid cacahe puluhan. Nadyan juragane cethile ora ukuran, nanging buruh-buruhe iku
tetep mbetah-mbetahne nyambut gawe ana kono. Lha piye wong ora duwe pilihan liya,
tinimbang nganggur ana ngomah rak isih luwung oleh kaya ora ketang karo ngempet pangrasa.
Ngrumangsani yen saiki golek gaweyan mono angele ora jamak.
Saya maneh ngleboni pegawe negri, yen ora gelem mbeseli dhuwit tangeh lamun bisa
kecangking. Nadyan pintera dikaya ngapa yen ora duwe koneksi wong njero mesthi bakal
kangelan. Kamangka golek koneksi kuwi yen ora ngerti dalane malah sasar-susur, kurang bejane
bisa kapusan dhuwit jutaan. Mula tumrape wong sekeng, urip ing jaman saiki rasane isih kaya
ing alam penjajahan. Kepengin sekolah dhuwur ragade gedhe. Sawise lulus golek gaweyan isih
kudu mbayar maneh.
Golek dhuwit paribasan sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah, aslie mung sak crit, ora cukup
kanggo kebutuhan urip saben ndinane. Kosok baline sing posisine wis ana ndhuwur saben dina
mung mblendhukake wetenge dhewe, lali karo nasibe kawula. Nduweni kalodhangan korupsi,
ngunthet dhuwite negara. Bisa nemtoke kawicaksanan, mutusi abang ijone proyek, nadyan